visitor

about BIKER

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

BIKERIDER

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 3 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 4 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

This is default featured slide 5 title

Go to Blogger edit html and find these sentences.Now replace these sentences with your own descriptions.

Rabu, 13 April 2016

JAJAN IJO

+ Paimo : paklek, ono jajan ijo ?
- Bakul : gak dodol jajan ijo !

*meneh neh*
Paimo : ono jajan ijo paklek ?
Bakul : gak ono !

*meneh neh maneh*
Paimo: jajan ijo ne ono gak paklek ?
Bakul : gak ono COK !!! he su lek sampek koen sesuk takok jajan ijo maneh, tak taleni gulumu terus tak paku ndasmu !

(Paimo mek mantuk-mantuk terus nginclik moleh, tapi sesuk'e teko maneh)
Paimo : paklek, ono tali gak ?
Bakul : nah ngono loh takok seng liane… gak dodolan tali aku leh !
Paimo : ono paku sisan gak paklek ?
Bakul : gak dodolan sisan leh !
Paimo : oh yowes, syukur lak ono... paklek, ono jajan ijo gak ?
Bakul : Gatelisasi koen COK -___-*


BARANG BERHARGA

*waktu iku Paimo dilaporno karo pacare gara-gara dituduh nyolong sepeda motor'e pacare*

+ Hakim : opo bener koen nyolong sepeda motor ?
- Paimo : gak pak hakim, aku gak nyolong !
+ Hakim : lah trus opo lek gak nyolong iku, buktine wes ono tapi koen sek wani ngelak ae ?
- Paimo : pokok'e aku gak nyolong pak, aku ngajukno pembelaan !
+ Hakim : iyo tak terimo, yo'opo ndang jelasno kejadian menurut koen ?
- Paimo : waktu iku aku dijak pacaran nang panggon sepi karo pacarku numpak Mio gonane pacarku, mbaringono pas mandek nang pojokan pacarku nyoplok pakaian'e sampek mudoh blejet trus de'e ngomong ngene"mas jokok'en barang gonanku seng paling berharga iki, soale bakalan tak kekno gawe awakmu tok mas!"trus sakwise ngomong ngono de'e mlayu melbu nang njeroh semak-semak karo mudoh blejet. Trus aku mikir"barang berharga seng de'e duwe yoiku sepeda motor'e?", yo gak kesuwen akhire tak gowo Sepeda Motor'e ! opo iku salah pak ?
+ Hakim : JANCOK Gatelisasi, koen gak salah tapi utekmu ae seng rodok -___-"



JADWAL NGESENG 

*waktu iku Paimo lagi nang Dokter, de'e katene konsultasi soale duwe masalah BAB (Buang Aek Badek)*

- Dokter : selamat siang !
+ Paimo : siang dok !
- Dokter : ono seng iso diewangi ?
+ Paimo : ngene dok, aku katene konsultasi nang sampean soale aku duwe masalah BAB !
- Dokter : oalah, emang keluhan'e opo mas ?
+ Paimo : aku lek ngeseng mesti rutin jam 6 isuk dok !
- Dokter : loh iku kan apik soale iso rutin sakben isuk, trus masalahe opo mas ?
+ Paimo : masalahe dok, aku lek tangi turu mesti rutin jam 8 isuk !
- Dokter : JANCOK Gatelisasi ! iku berarti silitmu kudu disogrok tugu pahlawan -___-"


lawak lucu suroboyoan

LAWAK LUCU SUROBOYOAN



Takon Umur

Mat Penceng umure wis atene 45 taun. Awake sik gagah otote dempal, cumak sayange dapure mulai kisut ireng kabeh.

Pas ulang taunan sing 45, Mat Penceng kepingin kethok enom maneh.
Akhire Mat Penceng nekat mecah celengan bojone digawe ongkos operasi plastik.
Tibake gak rugi mecah celengan, soale dapure Mat Penceng saiki malih resik, putih lan ketok enom maneh. Mat Penceng bungah atine, ben ketemu wong wedhok dikongkon mbedhek piro umure.

Pertama pas nang pasar atom onok ibu-ibu tuku kain.
"Ning, ayo bedhe'en piro umurku ?" takok Mat Penceng ambek mesam-mesem.
"Paling sik selawe . . ." jare ibu-ibu iku ambek ngematno dapure Mat Penceng.
"Salah Ning, umurku sakjane wis 45" jare Mat Penceng bangga.
Ibu-ibu iku gak percoyo, akhire Mat Penceng ngetokno KTPne.

Mari ngono Mat Penceng ngenteni buyarane arek SMA.
Pas onok cewek-cewek liwat, Mat Penceng mbedhe'i maneh nang arek-arek iku piro umure.
Onok sing mbedhek 25, 28, 24, paling banter onok sing mbedhek 31 taun. Gak onok sing isok titis mbedhek 45. Bareng dikandani lek umure iku 45 gak onok sing percoyo, bareng didhudhuhno KTPne dhadhak semburat kuabeh.

Mat Penceng malih tambah bangga mergo dapure tambah ngguanteng. Pokoke ben pethuk wong wedhok mesti dibedhe'i umure, tapi gak onok sing bener.

Pas dulin nang Delta Plasa, Mat Penceng antri pesen mangan nang McDonald. Bareng oleh giliran, Mat Penceng ditakoni pelayane arep pesen opo.
"Sik mbak, sak durunge aku pesen, ayo bedhe'en piro se umurku?" jare Mat Penceng.
"Kiro-kiro 27 mas" jare pelayane.
"Salah mbak, umurku 45" jare Mat Penceng.
Mari lego nggarai, akhire Mat Penceng pesen panganan.

Lha pas arep mulih, nang parkiran Mat Penceng pethuk ambek nenek-nenek arep mlebu montor.
Mergo durung tau mbedhe'i wong tuwek, akhire Mat Penceng nekat nguber terus takok.
"Sepurane yo mbah uti, aku kepuingin mbedhe'i sampeyan kiro-kiro piro umurku mbah?" jare Mat Penceng.
"Ngger putuku, ojoko kiro-kiro, masio aku wis tuwek elek koyok ngene, aku isok mbedhek persis piro umurmu." jare simbah mau.
"Iyo tah, piro se umurku?" takok Mat Penceng penasaran.
"Wah tapi onok sarate" jare simbah mau.
"Opo sarate mbah ?" Mat Penceng tambah penasaran.
"Sarate iku, awakmu kudhu culno klambimu kabeh sak kampese pisan wudho blejet, terus mlayu muteri parkiran iki limang putaran. Lek wis mari, lagek aku isok mbedhek umurmu." jare simbah iku mau.

Mat Penceng ngengkel cik angele sarate, tapi simbahe ngotot lan ngancam lek gak gelem yo wis ditinggal mulih. Mergo penasaran lagek onok wong sithok iki sing ngaku isok mbedhek umure, akhire Mat Penceng nuruti sarate. Mari nitipno klambi nang simbah iku, Mat Penceng mlayu wudho muteri parkiran montor. Lagek oleh rong putaran, Mat Penceng wis mbalik nang simbah iku ambek bengok-bengok njaluk tulung.
"Mbah, tulung mbah !!!, aku diuber-uber satpam dikiro wong gendeng. Ayo cepetan bedhe'en umurku piro selak satpame teko !!" jare Mat Penceng ambek menggos-menggos gupuh kabeh.

Mari nguncalno kampese Mat Penceng, simbah iku mau ngomong,"Le, aku weruh umurmu iku saiki 45".
Mat Penceng kuaget sampek lali kampesan, kok onok wong sik isok mbedhek umure.
"Mbah, aku sik penasaran, mek sampeyan thok sing mbedhek umurku, opo rahasiane mbah?" takok Mat Penceng gak sabar.
"Ngene lho Le, aku mau persis nang mburimu pas antri nang McDonald . . ."